Text
Nderek Sang Dewi Ing Ereng-Erenging Redi Merapi
Buku Nderek Sang Dewi Ing Ereng-erenging Redi Merapi menika nyariosaken gesang karohanenipun tiyang-tiyang padhusunan ingkang miskin lan prasaja. Menggahing sadherek padhusunan gesang karohanen menika boten nate kapisahaken saking gesang padintenan. Salaras kaliyan ungeling sanepa renggang gula kumepyur pulut gesang karohanen lan gesang padintenan wau tansah nyawiji sajiwa saraga. Pramila buku menika ngaturaken kados pundi ing gesang padintenan ingkang kasar, wantah lan wadhag menika sumimpen brana karohanen ingkang endah lan lebet maknanipun. Buku menika nyobi ngreronce sarta ngrumpaka kaendahan wau.
Tidak ada salinan data
Tidak tersedia versi lain